GUGAT KAHYANGAN

Janoko semedi ing ngisor wit Kabodhi
Meleng cipto gugah roso nggayuh karso
Niat ing sejati, Pepanggonan sejati, Klangenan sawiji, Wedal kang wigati
Tembus bedah kahyangan suroloyo

Dino kapisan dumugi pitu rame ing murko kasebat raksoso godo topo
Dino kaping wolu dumugi pitulas kawujud widodari godo rogo
Dino kaping wolulas dumugi pitulikur dewo-dewo paring kinabulan pasemon
Dino kaping wolulikur dumugi telungpuluh pitu cahyo sejati kebak ing pangroso jati

Nyawiji dadi siji sedulur kang plencar keraket dining niat sejati
Sedulur tuo papat selaras dining pangucap suci
Ketentreman pikir kang resik ing swargi sedulur tuo papat
Panemu kang murni dados panuntun urip kang sejati

eng 10.06
kartosuro

Komentar

Postingan Populer