KAMA CIPTA

Jagad awang-awang nglalang
Nafas samar kanti katon mobyah
Condromuko mosak masik 
pikir lan ati bedah roso

Rogo gonjang ganjing
pikir, rogo lan ati geger pangraos
Jagad jembar semilir condro
patining rogo nyawiji ning roso

Jagad awangan siso separo
Nafas alus ngraos bungah
Condromuko kanton legowo
Pikir lan ati lembah nyawiji

Raos ajrih was kahanan
Raos kesusu ical katenangan
Mosak masik raos bab kekalih
Sahwat kang mobyah-mobyah lir koyo geni 

Nyawiji pikir,karep,klangenan lan lodang e ati
Ngglondongake saripati hajat suci
Mawujud kersaning Gusti kinambar dining kadunyan
Wahyu pinaringan kang gumelar jagad


eng
160825/ 08.10
laweyan

Komentar

Postingan Populer