KIDUNG DAENG

Rame ing angen wujud kawruh sedulur ingsun

Cahya semburat pancamaya wujud kawruh rah ingsun

Pangroso tanpo paningal wujud roso sejati 

Kinabulan sembodo kelawan wani nutup howo songo\


Rogo jati obah owah sak jroning ati

Ubun suci dalan ing pati

Puser geni lumbung e nepsu pribadi

Cipto Roso Karso nyawiji manunggal jati


Kiblat papat palenggahan sedulur

Kiblat wolu palenggahan kadewatan

Kiblat rolas palenggahan agung

Kiblat patlikur palengggahan sanghyang


Tirto pangestuning Khidir

Geni pangestuning ibrahim

Angin pangestuning suleman

Lemah pangestuning ilyas

Pepak nyawiji dadi tunggal sejati 







eng 
02.51
kulon progo




Komentar

Postingan Populer