Langsung ke konten utama

Postingan

BAHASA SANUBARI

GUGAT KAHYANGAN

Janoko semedi ing ngisor wit Kabodhi Meleng cipto gugah roso nggayuh karso Niat ing sejati, Pepanggonan sejati, Klangenan sawiji, Wedal kang wigati Tembus bedah kahyangan suroloyo Dino kapisan dumugi pitu rame ing murko kasebat raksoso godo topo Dino kaping wolu dumugi pitulas kawujud widodari godo rogo Dino kaping wolulas dumugi pitulikur dewo-dewo paring kinabulan pasemon Dino kaping wolulikur dumugi telungpuluh pitu cahyo sejati kebak ing pangroso jati Nyawiji dadi siji sedulur kang plencar keraket dining niat sejati Sedulur tuo papat selaras dining pangucap suci Ketentreman pikir kang resik ing swargi sedulur tuo papat Panemu kang murni dados panuntun urip kang sejati eng 10.06 kartosuro

Postingan Terbaru

LUNGGUH

LABIRIN KASIH SAYANG

CIPTO ROSO KARSO

TANDA TANYA ?

SEDULUR

KERINDUAN JIWA

A.I.U

BERCINTA DENGAN SEMESTA

LAKU BANYU

RASA ADALAH SINYAL SEMESTA