" SUWUNG "


Sumringah e amung ngalegake ........
Mlaku ne amung nderekake.....
Ucapan e amung sak dermo ........
Laku ne ora tinemu.....
Roso ne ora kejluntrungan......
Kiwo ne tansah dadi tengen....
Tengen e tansah dadi kiwo....
Paningal dadi pangucapan......
Pamirengan dadi pangraosan.....
Ayem e tansah grusa grusu......
Kemprungsung e dade ake ayem ing roso........
Niat e dade ake obah sak rogo ne......
Polahane ora temu nalar e......
Lamunane ngobah ke kahanane....
Meneng e amung gawe bubrahe panca ne....
Rogo ne ora pantes e siro.....
Ati ne rojo ne jagad.....
Luang e segoro ne kawruh.....
Surgo ne tinumpang ing pati.....
Neroko ne gocekane urip......
Ngroso ing jero ne patine urip......

( Copas tulisan blog lama " TITIK TERANG KEGELAPAN "/Kamis 26 januari 2012 )

Komentar

Postingan Populer