SULUK ANGON ANGIN

Sejati ne lelaku
Ono kang kuasa ni
Yo iku kang Moho Agung
Kang ngubengi diri jati

Kawruh kang wineruh
Kelawan dzat kang mineruhi
Tangeh lamun kalaksanan
Tanpo pangilmu susuh angin

Cah kang angon angen e angin
Bakal tumeko ilir e urip
Kadyo mabur ngawang awang
Tansah iling trap panggon e

Manunggal mring jagad 
Lampahane tepang anasir e
Mandap ibu bumi munggah bopo angkoso
Cahyaning srengenge katon bening werno inten

Hoong ... Kemelun wangi ne gondo arum
Tansah ngebaki jagad panyuwunan
Titi wanci ne angon angen angin 
Suguh lungguh Sang Hyang Taya



Jayeng
02.22

.Wedal saur.
Kartosuro binangun





Komentar

Postingan Populer